2 Para Raja 20:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Umurira bakal Sunwewahi limalas taun sarta sira lan kutha iki bakal Sunuwalake saka ing tangane ratu ing Asyur. Kutha iki bakal Sunpageri, marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”

7. Sawuse mangkono Nabi Yesaya ngandika: “Padha njupuka kuwih anjir siji!” Bareng wus kaladekake nuli kapopokake ing wudune, Sang Prabu banjur senggang.

8. Sadurunge iku Sang Prabu Hizkia wus ngandika marang Nabi Yesaya: “Punapa tandhanipun, manawi Pangeran Yehuwah badhe paring saras dhumateng kula saha bilih ing dinten ingkang kaping tiganipun kula badhe lumebet ing padalemaning Sang Yehuwah?”

9. Atur wangsulane Nabi Yesaya: “Punika ingkang badhe dados tandhanipun kagem panjenengan dalem saking Pangeran Yehuwah, bilih panjenengan dalem badhe nglampahi punapa ingkang sampun dipun janjekaken: Ayang-ayangan punika badhe majeng sadasa tapak punapa badhe mundur sadasa tapak?”

10. Sang Prabu Hizkia ngandika: “Tumrap ayang-ayangan punika langkung gampil mandhap sadasa tapak! Nanging sampun mekaten, ayang-ayanganipun kajengipun mundur sadasa tapak.”

2 Para Raja 20