2 Para Raja 2:7-11 Kitab Sutji (JAV)

7. Pepanthan nabi mau ana seket kang padha ndherekake, nanging tumuli padha mung ngadeg lan ngawasake saka ing kadohan bae, nalika kekalihe padha jumeneng ing sapinggire bengawan Yarden.

8. Nabi Elia nuli mundhut ageme jubah, digulung lan disabetake ing banyu, temah piyak ngiwa nengen; kekalihe banjur padha nyabrang lumampah ing gasikan.

9. Anadene bareng wus padha nyabrang, Nabi Elia tumuli ngandika marang Elisa: “Kowe njaluk apa, kang bakal daktandukake marang kowe, sadurunge aku kapulung saka ing ngarepmu?” Atur wangsulane Elisa: “Kula mugi kadunungana kalih bageaning roh panjenengan.”

10. Pangandikane Nabi Elia: “Kang kokjaluk iku prakara kang angel. Nanging manawa kowe bisa ndeleng anggonku kapulung saka ing ngarepmu, kowe mesthi bakal kelakon kaya mangkono, dene manawa ora, iya bakal ora kelakon.”

11. Nalika lagi padha nglajengake tindake kalawan ngandika, dumadakan ana kareta murub, tinarik ing jaran murub kang misah kekalihe, Nabi Elia banjur minggah ing swarga ana ing satengahing lesus.

2 Para Raja 2