31. Sabab saka ing Yerusalem bakal metune para wong kang isih ana sarta saka ing gunung Sion wong-wong kang oncat. Bentering penggalihe Pangeran Yehuwah, Gustining sarwa tumitah kang bakal nindakake bab iki.
32. Milanipun mekaten pangandikaning Pangeran Yehuwah tumrap ratu ing Asyur: Dheweke ora bakal lumebu ing kutha kene lan ora bakal nglepasake panah mrene; uga ora bakal nekani kalawan nggawa tameng tuwin ora bakal gawe tanggul pangepungan.
33. Bakal mulih metu ing dalan pinangkane, nanging ora bakal lumebu ing kutha kene, -- makaten pangandikaning Sang Yehuwah. --
34. Sarta Ingsun bakal mageri kutha iki supaya slamet, iku marga saka Ingsun lan marga saka Dawud, abdiningSun.”