18. saha mbesmi para allahipun, amargi punika sanes Gusti Allah, nanging namung damelaning tangan manungsa, namung kajeng saha sela, mila saged karisak dening tiyang.
19. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula sadaya, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula sadaya saking ing tanganipun, supados karajan ing bumi sami nyumerepi, bilih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Gusti Allah, dhuh Yehuwah.”
20. Nabi Yesaya bin Amos nuli utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kadhawuhan matur: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel: Apa kang wus sira pratelakake ana ing pandonganira marang Ingsun ing bab Sanherib, ratu ing Asyur, iku wus Sunpiyarsakake.
21. Punika pangandika ingkang sampun kaparingaken dening Pangeran Yehuwah tumrap piyambakipun:Kenya, yaiku putri ing Sion,wus ngremehake sira,wus moyoki sira;lan putri ing Yerusalemwus gedheg-gedheg ana ing burinira.