36. Nanging rakyat mau padha meneng bae, ora mangsuli sanadyan mung sakecap bae, amarga Sang Prabu wus paring dhawuh piweling: “Sira aja padha mangsuli marang dheweke!”
37. Sang Elyakim bin Hilkia, panggedhening kraton, lan Sang Sebna, sekretaris nagara sarta Sang Yoah bin Asaf, panggedhene hartaka nagara, nuli padha sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia, kalawan pangageman kang wus kasuwek-suwek, tuwin banjur padha ngunjuki uninga bab tembung-tembunge priyagung juru pangunjukan mau.