2 Para Raja 18:2-12 Kitab Sutji (JAV)

2. Nalika jumeneng iku yuswane selawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sangalikur taun. Kang ibu asma Abi, putra putrine Sang Zakharia.

3. Panjenengane nindakake apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah, plek kayadene kang dilampahi dening Sang Prabu Dawud, leluhure.

4. Iya panjenengane iku kang nyingkirake tengger-tengger pangurbanan lan kang nggempuri tugu-tugu brahala, kang ngethoki saka-saka brahala sarta kang ngremuk ula tembaga damelane Nabi Musa, amarga nganti tumeka ing dina iku wong Israel pancen isih padha ngobong kurban kanggo ula iku; ula iku dijenengake Nehustan.

5. Sang Prabu mau kumandel marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, lan ing antarane sakehing para ratu ing Yehuda, ing sawuse utawa ing sadurunge panjenengane, ora ana kang kaya panjenengane.

6. Sang Prabu rumaket marang Pangeran Yehuwah, ora mengeng anggone ngetut-wingking Panjenengane lan tansah netepi pepakoning Yehuwah kang wus kaparingake marang Nabi Musa.

7. Mulane Pangeran Yehuwah nunggil marang panjenengane. Menyanga ngendi bae tindake, mesthi angsal damel. Sang Nata mbalela marang ratu ing Asyur lan ora teluk marang panjenengane maneh.

8. Iya Sang Prabu Hizkia iku kang ngawonake wong Filisti nganti tekan ing Gaza lan nyirnakake dhaerahe, iya panggung-panggunging pajagan lan iya kutha-kuthane beteng.

9. Nalika ing taun kang kaping papate jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kapitune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel -- Sang Prabu Salmaneser, ratu ing Asyur, nempuh Samaria, kang banjur dikepang.

10. Iku sawuse telung taun luwih kena karebut, yaiku ing taun kang kaping neme jamane Sang Prabu Hizkia -- iku taun kang kaping sangane jamane Sang Prabu Hosea, ratu ing Israel -- Samaria bisa karebut.

11. Sang Nata ing Asyur banjur mboyongi wong Israel kaparakake marang ing pambuwangan, menyang ing Asyur, padha kapanggonake ana ing Halah, ana ing pinggiring kali Habor, yaiku kaline negara Gozan, lan ana ing kutha-kuthane wong Madhai,

12. amarga ora padha gelem ngrungokake marang swantening Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan padha nerak marang prajanjiane, yaiku kabeh kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah; ora padha ngrungokake lan ora padha gelem nglakoni.

2 Para Raja 18