1. Ing taun kang katelune jamane Sang Prabu Hosea, putrane Sang Ela, ratu ing Israel, Pangeran Hizkia, putrane Sang Prabu Akhas, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.
2. Nalika jumeneng iku yuswane selawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sangalikur taun. Kang ibu asma Abi, putra putrine Sang Zakharia.
3. Panjenengane nindakake apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah, plek kayadene kang dilampahi dening Sang Prabu Dawud, leluhure.
4. Iya panjenengane iku kang nyingkirake tengger-tengger pangurbanan lan kang nggempuri tugu-tugu brahala, kang ngethoki saka-saka brahala sarta kang ngremuk ula tembaga damelane Nabi Musa, amarga nganti tumeka ing dina iku wong Israel pancen isih padha ngobong kurban kanggo ula iku; ula iku dijenengake Nehustan.