Ing taun kang kaping telung puluh wolune jamane Sang Prabu Azarya, ratu ing Yehuda, Pangeran Zakharia, putrane Sang Prabu Yerobeam, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan suwene nem sasi.