19. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas lan kabeh kang katindakake, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Yehuda.
20. Para punggawane padha nganakake sekuthon banjur nyedani Sang Prabu Yoas ana ing dalem ing Milo, ing dalan kang mudhun anjog ing Sila.
21. Yozakar, anake Simeat, lan Yozabad anake Somer, iku para punggawane kang nyedani panjenengane. Sang Prabu banjur kasarekake ana ing sandhinge para leluhure ing kuthane Sang Prabu Dawud. Pangeran Amazia, kang putra, nuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.