2 Para Raja 11:3-17 Kitab Sutji (JAV)

3. Nem taun lawase anggone ndhelik ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah, bebarengan karo wong wadon mau, ing sajrone Sang Putri Atalya ngasta paprentahan ing nagara.

4. Ing taun kang kaping pitune Sang Yoyadha nglempakake para opsir penatus, saka panunggalane wong Kari lan saka wadya-bala panjaga. Iku padha ditimbali marang ing ngarsane ana ing padalemaning Sang Yehuwah, kaajak nganakake prajanjian kalawan sumpah ana ing padalemaning Sang Yehuwah, nuli padha dituduhi putrane Sang Prabu.

5. Sawuse mangkono Sang Yoyadha dhawuh marang para prajurit mau: “Iki kang kudu koktindakake: panunggalanmu kang wus rampung anggone nglakoni kuwajibane ing dina Sabat ana ing kene, iku sapratelon padha jagaa ana ing kraton,

6. sapratelon maneh anaa ing gapura Sur, lan sapratelon anaa ing gapura ing saburine wadya-bala panjaga. Kang jaga ana ing kraton, kudu tetep ana ing kono.

7. Dene panunggalanmu kang rong golongan, yaiku sakehe wong kang kawajibane ana ing kene ing dina Sabat lan jaga ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah,

8. iku kawajiban njaga Sang Prabu ana ing saubenge nganti temu gelang, kalawan nyekel gegaman, lan sapa kang nyedhaki barisan, kudu dipateni. Sabanjure manawa Sang Prabu miyos utawa lumebet kudu didherekake.”

9. Para opsir penatus iku padha tumindak ngetrepi dhawuhe Imam Yoyadha. Siji-sijine padha nggawa wonge, kang wus rampung anggone nindakake kawajibane ing dina Sabat, bebarengan karo wong kang padha lumebu ing dina iku, banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Yoyadha.

10. Sang Imam tumuli maringi marang para opsir penatus mau tumbak lan tameng kagungane Sang Prabu Dawud kang kasimpen ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

11. Para prajurit mau banjur padha mapan ana ing sakiwa tengene padaleman kalawan sikep gegaman, lan ing saubenge misbyah sarta padaleman, padha rumeksa marang Sang Prabu.

12. Sawuse mangkono Imam Yoyadha tumuli ngajak miyos Sang Raja-Putra, kang banjur diagemi makutha lan diaturi ngasta Kitab Toret. Sang Raja-Putra kajumenengake ratu sarta jinebadan, kalawan keplok-keplok wong-wong tumuli padha alok-alok: “Sugenga Sang Prabu!”

13. Bareng Sang Putri Atalya mireng swaraning para prajurit panjaga lan rakyat, banjur tindak menyang ing padalemaning Sang Yehuwah, murugi rakyat mau.

14. Sang Putri nuli mirsa Sang Prabu jumeneng ing sacedhake saka kaya adate kang wus kelakon, kaayap ing para panggedhe lan para kang padha nggawa kalasangka. Rakyat ing nagara padha abungah-bungah kabeh kambi ngunekake kalasangka. Sang Putri Atalya banjur nyuwek-nyuwek pangagemane kalawan nguwuh: “Kiyanat, kiyanat!”

15. Nanging Imam Yoyadha tumuli dhawuh marang para opsir penatus, yaiku kang padha manggedheni wadya-bala, pangandikane: “Putri iku gawanen metu saka ing pabarisan! Sing sapa mbelani iku, patenana kalawan pedhang!” Sabab sadurunge Sang Imam wus ngandika: “Aja disedani ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah!”

16. Sang Putri banjur dicepeng. Nalika lumebet ing kedhaton, bareng tekan ing dalan kang kanggo liwat jaran, Sang Putri disedani ana ing kono.

17. Imam Yoyadha tumuli damel prajanjian ing antarane Pangeran Yehuwah kalawan Sang Prabu lan rakyat, yaiku manawa kabeh padha dadi umate Sang Yehuwah; uga antarane Sang Prabu lan rakyat.

2 Para Raja 11