2 Para Raja 10:31-36 Kitab Sutji (JAV)

31. Nanging sugenge Sang Prabu Yehu ora lestari miturut ing angger-anggering Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kalawan gumolonging panggalihe, ora nebihi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel uga banjur padha nglakoni dosa.

32. Ing nalika samana Pangeran Yehuwah wiwit ngungkret wilayah Israel, awit padha dikalahake dening Sang Prabu Hazael ana ing satlatahe Israel kabeh

33. ing sawetane bengawan Yarden, sawewengkone tanah Gilead karebut kabeh, tanahe wong Gad, wong Ruben lan wong Manasye, wiwit saka ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, iya tanah Gilead, iya tanah Basan.

34. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yehu lan sakehe kang ditindakake sarta sakehe kaprawirane, iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

35. Sang Prabu Yehu nuli kaparingan ngaso nunggil karo para leluhure, sarta banjur kasarekake ana ing Samaria, dene Sang Pangeran Yoahas, putrane, banjur jumeneng ratu, nggenteni panjenengane.

36. Sang Prabu Yehu iku anggone jumeneng ratu Israel ana ing Samaria lawase wolulikur taun.

2 Para Raja 10