2 Para Raja 10:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Akhab kagungan putra kakung pitung puluh ana ing Samaria. Sang Prabu Yehu nuli damel serat, dikintunake menyang Samaria, marang panggedhening kutha kono, marang para pinituwa lan marang para pamomonge putra-putrane Sang Prabu Akhab, surasane:

2. “Satekane layang iki marang sira, sira kang padha mengku para putrane gustinira, sarta kang padha ngwasani kreta lan jaran apadene kuthabeteng lan gegaman,

3. padha miliha putrane gustinira kang utama lan kang sembada dhewe banjur lenggahna ing dhampare kang rama, nuli peranga mbelani kulawargane gustinira.”

2 Para Raja 10