2 Korinta 3:11-15 Kitab Sutji (JAV)

11. Awit manawa kang bisa sirna bae kinanthenan kamulyan, apamaneh kang tetep ora sirna yen oraa kinanthenan kamulyan kang ngluwihi iku.

12. Sarehne aku padha duwe pangarep-arep kang kaya mangkono, mulane aku padha tumindak kanthi kebak ing kakendelan,

13. ora kaya Nabi Musa, kang nganggo nutupi wedanane, supaya mripate wong-wong Israel aja nganti padha ndeleng ilanging cahyane kang mung sadhela anane iku.

14. Nanging budine wong-wong iku wus padha dadi kethul, sabab nganti ing dina iki tutup iku mau isih tetep nutupi wong-wong mau, pamacaning prajanjian lawas tanpa kaungkapan, marga mung Sang Kristus piyambak kang bisa ngicali tutup iku.

15. Malah nganti ing dina iki, saben maca kitab Musa, isih ana tutup kang nutupi atine.

2 Korinta 3