1. Apa aku wiwit ngalem marang awakku dhewe maneh? Utawa apa prelu aku kaya wong-wong liya nuduhake layang pangalembana marang kowe utawa saka kowe?
2. kowe iku layang pangalembanaku kang katulis ing atiku lan kang disumurupi sarta kang bisa kawaca dening wong kabeh.
3. Awit wus tetela, manawa kowe iku layange Sang Kristus, kang daktulis ing sajrone aku padha leladi, katulis ora nganggo mangsi, nanging nganggo Rohe Gusti Allah kang asipat gesang, dudu ing papan watu, nanging ing papan daging, yaiku ing atine manungsa.
4. Iya kaya mangkono iku gedhening kayakinanku marang Gusti Allah marga saka Sang Kristus.
5. Manawa aku dhewe ora bisa nganggep apa-apa iku pagaweanku dhewe; ora, anggonku bisa nindakake apa-apa iku marga saka pakaryaning Allah.