5. Dene manawa ana wong kang gawe sedhih, iku dudu atiku kang digawe sedhih, nanging kowe kabeh, utawa saora-orane -- supaya anggonku kandha ora dakbangetake -- wong sawatara ing antaramu.
6. Wong kang kaya mangkono iku wus cukup kaelikake dening wong akeh ing antaramu,
7. malah kosokbaline kowe padha ngapuraa lan nglipura wong iku, supaya aja nganti ngenes marga saka bangeting susahe.
8. Mulane pituturku marang kowe kabeh, supaya kowe padha nandukna katresnan marang wong mau.
9. Awit iya iku tujuane anggonku nulis layang marang kowe, yaiku kanggo ndadar kowe, apa kowe padha tetep mituhu ana ing samubarang kabeh.
10. Awit sapa kang kokapura kaluputane, iku iya dakapura. Sabab yen aku ngapura -- saupama ana kang kudu dakapura -- anggonku ngapura iku marga saka kowe ana ing ngarsane Sang Kristus,
11. supaya Iblis aja nganti oleh kauntungan kang tumuju marang kita, sabab kita sumurup apa kang dikarepake.
12. Nalikane aku tekan ing Troas prelu martakake Injile Sang Kristus, aku wus kawenganan lawang dening Gusti ana ing kana.
13. Nanging atiku ora rumangsa jenjem, sabab aku ora kepethuk karo sadulur Titus, mula aku banjur pamitan lan mangkat menyang ing tanah Makedhonia.
14. Nanging puji sokur konjuk ing Gusti Allah, kang ana ing patunggilane Sang Kristus tansah nuntun aku kabeh ana ing dalaning kaunggulane. Lan lumantar aku aruming kawruh tumrap Panjenengane sumebar ing saenggon-enggon.
15. Awit kagem Gusti Allah aku kabeh iki dadi gandaning arum Sang Kristus ana ing tengah-tengahing wong kang padha nemu karahayon lan ana ing antarane wong kang padha nemu karusakan.