2 Korinta 11:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. Prakara iku ora nggumunake, sabab Iblis uga mindha-mindha dadi malaekating Pepadhang.

15. Dadi dudu prakara kang aneh, manawa batur-bature uga mindha-mindha dadi abdi-abdine kabeneran. Kawusanane bakal cundhuk karo panggawene.

16. Dakbaleni maneh: aja ana wong kang ngarani aku tanpa budi. Dene manawa kowe uga nganggep mangkono, aku tampanana kayadene wong kang tanpa budi, supaya aku bisa gumunggung sawatara.

17. Apa kang dakkandhakake, iku anggonku ngandhakake ora kaya wong kang calathu manut pangandikaning Allah, nanging kayadene wong kang tanpa budi, kang nduweni kayektenan manawa bisa ngalembana.

18. Awit akeh wong kang nglairake panggunggung cara kadagingan, aku kapengin ngalembana uga.

19. Sabab kowe padha gelem nyabari wong kang tanpa budi, marga kowe iku padha pinter.

20. Awit kowe sabar, manawa ana wong nganggep kowe batur tukon, manawa ana wong meres kowe, manawa ana wong ngereh kowe, manawa ana wong ngetokake gumunggunge marang kowe, manawa ana wong napuk kowe.

21. Aku kudu ngakoni kalawan isin banget, yen ing bab kang kaya mangkono iku aku kabeh padha apes.Sanadyan mangkono manawa ana wong kang wani ngegung-egungake sawijining prakara -- calathuku iki ing sajroning kabodhoanku -- aku iya wani uga!

22. Apa wong-wong iku wong Ibrani? Aku iya wong Ibrani! Apa wong-wong iku wong Israel! Aku iya wong Israel! Apa wong-wong iku trahe Rama Abraham? Aku iya trahe Rama Abraham!

23. Apa wong-wong iku abdine Sang Kristus? -- calathuku iki kaya wong gemblung -- aku luwih maneh!

24. Aku digebugi dening wong Yahudi kaping patang puluh kurang siji nganti ambal kaping lima,

25. aku disapu ambal kaping telu, aku dibenturi watu apisan, kaping telu aku nunggang prau kerem, sadina sawengi aku kompal-kampul ana ing tengah sagara.

26. Lakuku kerep diancam ing bebaya banjir lan ing bebaya begal, bebaya saka wong Yahudi lan saka wong-wong kang dudu wong Yahudi, bebaya ana ing kutha, bebaya ana ing pasamunan, bebaya ana ing tengah sagara, lan bebaya saka kang padha mindha-mindha sadulur.

2 Korinta 11