25. Sang Prabu Suleman kagungan gedhogan patang ewu kanggo jaran-jarane lan kreta-kretane, sarta prajurit jaranan rolas ewu, kang padha dipanggonake ana ing kutha-kutha panggonan kreta lan cedhak karo Sang Nata ana ing Yerusalem.
26. Lan maneh Sang Prabu mau ngereh sakehing ratu wiwit ing bengawan Efrat nganti tekan ing nagarane wong Filisti tuwin ing tapel watese tanah Mesir.
27. Kehe selaka ing Yerusalem kadamel dening Sang Prabu nganti kaya watu lan kehe wit kayu eres padha kaya wit sikma kang thukul ing Tanah Pegunungan.