2 Babad 5:5-11 Kitab Sutji (JAV)

5. Kang diusungi pethi mau, Tarub Pasewakan lan sakehe barang suci kang ana ing tarub; kabeh iku kausungan dening para imam lan para wong Lewi.

6. Anadene Sang Prabu Suleman lan sakehe umat Israel kang padha nglumpuk ana ing ngarsane, padha ana ing sangareping pethi lan padha nyaosake kurban wedhus lan sapi kang cacahe ora kena kaetung utawa kawilang.

7. Sawuse mangkono para imam padha mapanake pethi prajanjianing Yehuwah mau ana ing panggonane, ana ing kamar mburi ing padaleman, ing pasucen kang pinunjul, ana ing sangisore bener swiwining kerub;

8. dadine kerub-kerub mau ngegarake swiwine ing sandhuwuring papane pethi, satemah pethi lan pikulane padha kapayungan dening kerub.

9. Pikulane iku dawane pucuke katon saka ing pasucen, ing sangarepe kamar mburi, nanging ora katon saka ing njaba; iya ana ing kono iku papane nganti tekan ing dina iki.

10. Ing sajrone pethi kono ora ana apa-apane kejaba mung papan loro kang dilebokake ing kono dening Nabi Musa ana ing gunung Horeb, nalika Pangeran Yehuwah damel prajanjian karo wong Israel, ing sajrone padha lelaku sawuse metu saka ing tanah Mesir.

11. Para imam nuli padha metu saka ing pasucen. Para imam kang ing wektu iku ana, kabeh wus padha sesuci, ora kacencang ing gilirane golongane dhewe-dhewe.

2 Babad 5