2 Babad 5:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing kono wus rampung sakehe pagawean kang ditindakake dening Sang Prabu Suleman kanggo padalemaning Yehuwah iku. Sawuse mangkono Sang Prabu Suleman banjur nglebetake barang-barange suci Sang Prabu Dawud, kang rama, lan maringake selaka, emas lan barang-barang mau ana ing pasimpenan ing padalemaning Allah.

2. Ing nalika samana Sang Prabu Suleman dhawuh marang para pinituwaning Israel lan sakehe tetindhihing suku, para panggedhening kulawangsane wong Israel, supaya padha nglumpuk ana ing Yerusalem, prelu kadhawuhan mboyong pethi prajanjianing Yehuwah saka ing kuthane Sang Prabu Dawud, yaiku Sion.

2 Babad 5