2 Babad 34:2-18 Kitab Sutji (JAV)

2. Sang Prabu nindakake apa kang bener ana ing paningaling Sang Yehuwah sarta sugenge kaya Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ora nyimpang manengen utawa mangiwa.

3. Ing taun kang kaping wolune paprentahane, nalika panjenengane isih timur, panjenengane wiwit ngupadi marang Gusti Allahe Sang Prabu Dawud, leluhure, lan ing taun kang kaping rolas Sang Prabu wiwit ngresiki kanajisaning Yehuda lan Yerusalem yaiku nyingkirake tengger-tengger pangurbanan, tugu-tugu brahala, reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan.

4. Misbyah-misbyahe para Baal padha dibubrahi ana ing ngarsane; padupan-padupan kang ana ing dhuwure padha diejur-ejur; tugu-tugu brahala padha diremuki lan digecaki, uga reca-reca tatahan lan reca-reca cithakan, nuli disawur-sawurake ing kuburane wong kang padha sesaji kurban marang brahala-brahala iku.

5. Balung-balunge para imam padha diobongi ana ing misbyah-misbyahe. Kaya mangkono anggone Sang Prabu ngresiki kanajisane Yehuda lan Yerusalem.

6. Uga ana ing kutha-kuthane Manasye, Efraim lan Simeon, nganti tekan ing kutha-kuthane Naftali, kang ing kana-kene wis dadi jugrugan,

7. Sang Nata dhawuh mbubrahi sakehe misbyah lan tugu brahala, ngremuki lan nggecaki sakehe reca tatahan sarta nggecaki sakehe padupan ing saindenging tanah Israel. Sawuse mangkono Sang Nata banjur kondur menyang ing Yerusalem.

8. Ing taun kang kaping wolulase paprentahane, sarampunge anggone nucekake nagara lan padalemaning Sang Yehuwah, Sang Prabu nuli dhawuh marang Sang Safan bin Azalya, lan Sang Maaseya, wali kota, sarta Sang Yoah bin Yoahas, hartakaning nagara, supaya padha mbangun padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe.

9. Iku banjur padha sowan marang ing ngarsane Imam Agung Hilkia prelu masrahake dhuwit kang wus kalebokake menyang ing padalemaning Allah lan kang wus kaklumpukake dening para wong Lewi, yaiku para jaga-gapura, saka para wong Manasye lan Efraim, sarta sakehe wong Israel kang isih manggon ana ing kono tuwin uga saka wong Yehuda lan Benyamin apadene saka para wong kang manggon ing Yerusalem.

10. Dhuwit mau nuli kapasrahake marang para wong kang padha diangkat dadi juru rumeksa padalemaning Pangeran Yehuwah; wong iku banjur migunakake dhuwit kanggo ndandani padalemaning Sang Yehuwah.

11. Dhuwite dibayarake marang para tukang kayu lan para tukang bangunan, padha dianggo tuku watu tatahan lan kayu kanggo blandar sarta kanggo ragangane gedhong-gedhong, kang wus rusak lan ora kagalih dening para ratu ing Yehuda.

12. Wong-wong mau anggone padha nindakake pagaweane kalawan tumemen. Anadene wong-wong kang padha kadadekake lelurahe yaiku: Yahat lan Obaja, wong Lewi saka bani Merari; sabanjure kang manggedheni sakabehe iku Zakharia lan Mesulam saka bani Kehat. Sakehe wong Lewi kang pinter ngunekake piranti-piranti musik

13. padha dadi tetindhihe kuli lan nuntun ing sajrone nindakake pagawean apa bae. Ing antarane para wong Lewi iku ana kang dadi juru tulis, lurah lan jaga-gapura.

14. Nalika padha ngetokake dhuwit kang wus kalebokake menyang ing padalemaning Yehuwah, Imam Agung Hilkia manggih kitab Torete Pangeran Yehuwah, kang wus kaparingake lumantar Nabi Musa.

15. Imam Agung Hilkia tumuli ngandika marang Sang Safan, sekretaris nagara: “Kula kala wau manggih kitab Toret wonten ing padalemaning Sang Yehuwah!” Imam Agung Hilkia banjur masrahake kitab iku marang Sang Safan,

16. dene Sang Safan nuli mbekta kitab mau marang ing ngarsane Sang Nata lan uga matur mangkene: “Sadaya dhawuh dalem dhateng para abdi dalem, sampun katindakaken.

17. Arta ingkang wonten ing padalemaning Sang Yehuwah sampun dipun pendhet saha lajeng kapasrahaken dhateng para lurah lan para tukang.”

18. Sang Safan, sekretaris nagara iku uga munjuk marang Sang Prabu: “Imam Agung Hilkia kala wau masrahaken kitab dhateng abdi-dalem kawula.” Sang Safan tumuli maosake saperangan ana ing ngarsane Sang Nata.

2 Babad 34