2 Babad 32:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Tumuli ngangkat tetindhih-tetindhihing perang kang manggedheni rakyat, padha kadhawuhan nglumpuk ana ing ngarsane ana ing alun-aluning gapurane kutha sarta padha dilejarake atine kalawan pangandikane kang mangkene:

7. “Padha disantosa lan tatag ing ati! Aja padha wedi lan giris marang ratu ing Asyur sawadya-balane kang ngiringake, awit kang ngrewangi kita iku kehe ngungkuli kang ngrewangi dheweke.

8. Kang ngrewangi dheweke iku tangan manungsa, nanging kang ngrencangi kita iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, kang mbiyantu kita lan kang nyarirani perang kita.” Marga saka pangandikane Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda kang mangkono iku rakyat nuli tetep maneh atine.

9. Sawuse iku kang Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, kang lagi ngepang Lakhis kalawan wadya-balane kabeh, banjur ngutus punggawa menyang ing Yerusalem, marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda lan marang sakehe wong Yehuda kang ana ing Yerusalem:

10. “Makaten pangandikanipun Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur: Apa kang padha sira arep-arep, dene sira padha tetep ana ing Yerusalem kang kakepung iki?

11. Hizkia iku rak ngapusi sira kabeh, supaya padha mati keluwen lan kasatan, dene kandhane: Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, bakal ngluwari kita saka ing tangane ratu ing Asyur?

12. Rak Hizkia iku ta kang nyingkirake sakehe tengger pangurbanan lan misbyahe Pangeran Yehuwah iku lan kang tutur marang Yehuda lan Yerusalem: Sira mung kudu sujud lan nyembah ana ing ngarepe misbyah siji lan ngobong kurban ana ing kono?

2 Babad 32