2 Babad 3:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. Iku iya kalapis ing sesotya kang larang-larang minangka rerenggan, dene emase emas Parwaim.

7. Kaya mangkono dalem gedhe mau; blandar-pangerete, dhempel-dhempele, gebyog-gebyoge lan lawang-lawange padha kalapis emas, dene ing gebyoge didokoki kerub ukir-ukiran.

8. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur yasa kamar pasucen kang pinunjul; dawane rong puluh asta, manut ambane padaleman mau, lan ambane uga rong puluh asta. Iku tumuli kalapis emas murni, kang bobote nem atus talenta;

9. boboting paku-pakune seket sekel emas. Kamar-kamar dhuwur iya kalapis ing emas.

10. Nuli yasa kerub tatahan loro kanggo ing pasucen kang pinunjul, iku iya kalapis ing emas.

11. Swiwine kerub-kerub iku gunggunging dawane kabeh ana rong puluh asta;

12. swiwi ing sisihe kerub kang sijine dawane limang asta lan iku notog ing temboking kamar, dene swiwi ing sisih sijine dawane uga limang asta, iku adu pucuk karo swiwining kerub sijine.

13. Dadine swiwine kerub loro-lorone iku egare dawane rong puluh asta; kerub-kerub iku karo-karone ngadeg madhep marang ing dalem gedhe.

2 Babad 3