1. Sang Prabu Suleman banjur miwiti yasa padalemaning Yehuwah ana ing Yerusalem ing gunung Moria, panggonan nalika Pangeran Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Dawud, kang rama, ing panggonan kang wus katetepake dening Sang Prabu Dawud, yaiku ing papan panutone Ornan wong Yebus.
2. Sang Nata anggone wiwit yasa padaleman iku ing sajrone sasi kang kapindho, ing taun kang kaping pate paprentahane.
3. Anadene dhasaring ukuran kang diagem Sang Prabu Suleman anggone yasa padalemaning Allah iku mangkene: dawane sewidak asta, manut ukuran asta kang lawas, dene ambane rong puluh asta.
4. Srambi ing sangarepe dalem gedhe iku dawane rong puluh asta, manut ambane dalem mau, lan dhuwure satus rong puluh asta. Srambi iku ing sisih jerone kalapis ing mas murni.
5. Daleme gedhe digebyogi kayu beros. Kayu iku nuli kalapis ing emas murni, kang banjur kapasangan wit kurma, ing dhuwure kadokokan lunglungan.
6. Iku iya kalapis ing sesotya kang larang-larang minangka rerenggan, dene emase emas Parwaim.
7. Kaya mangkono dalem gedhe mau; blandar-pangerete, dhempel-dhempele, gebyog-gebyoge lan lawang-lawange padha kalapis emas, dene ing gebyoge didokoki kerub ukir-ukiran.
8. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur yasa kamar pasucen kang pinunjul; dawane rong puluh asta, manut ambane padaleman mau, lan ambane uga rong puluh asta. Iku tumuli kalapis emas murni, kang bobote nem atus talenta;
9. boboting paku-pakune seket sekel emas. Kamar-kamar dhuwur iya kalapis ing emas.
10. Nuli yasa kerub tatahan loro kanggo ing pasucen kang pinunjul, iku iya kalapis ing emas.
11. Swiwine kerub-kerub iku gunggunging dawane kabeh ana rong puluh asta;
12. swiwi ing sisihe kerub kang sijine dawane limang asta lan iku notog ing temboking kamar, dene swiwi ing sisih sijine dawane uga limang asta, iku adu pucuk karo swiwining kerub sijine.