22. Banjur padha nyembeleh sapi-sapi mau, para imam nampani getihe, disiramake ing misbyah. Sawuse mangkono tumuli nyembeleh wedhus-wedhuse gembel lanang, lan getihe kasiramake ing misbyah. Nuli nyembeleh wedhus-wedhuse gembel enom sarta getihe iya kasiramake ing misbyah.
23. Sabanjure wedhus-wedhus berok lanang, kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa mau padha disowanake marang ing ngarsane Sang Prabu lan ing ngarepe pasamuwan. Nuli padha numpangake tangane ing wedhus-wedhus iku.
24. Para imam kang banjur nyembeleh lan nyaosake getihe ana ing misbyah, minangka kurban pangruwating dosa, supaya ngolehna panebus kanggo wong Israel kabeh. Awit Sang Nata wus paring dhawuh supaya saos kurban obaran lan kurban pangruwating dosa kanggo wong Israel kabeh.
25. Sang Prabu mapanake para wong Lewi ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kecer, slukat lan clempung, ngetrepi dhawuhe Sang Prabu Dawud lan Nabi Gad, wong sidik abdining Sang Nata, tuwin Nabi Natan, amarga iku dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar para nabine.
26. Para wong Lewi tumuli padha ngadeg kalawan nyekel piranti-piranti musik, yasane Sang Prabu Dawud, mangkono uga para imam, kang padha nyekel kalasangka.
27. Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh saos kurban obaran ana ing misbyah. Nalika kurban obaran wiwit kasaosake, kekidungan kagem Pangeran Yehuwah iya nuli karepekake, binarung swaraning kalasangka, lan piranti-piranti musik yasane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.
28. Nalika kekidungan karepekake lan kalasangka kaunekake, wong sapasamuwan kabeh padha sujud lan nyembah. Iku kabeh tumindak nganti saenteke kurban obaran.
29. Sarampunge saos kurban obaran, Sang Prabu lan sakehe wong kang padha ana ing kono ndherek Sang Prabu, padha jengkeng sujud.
30. Sang Prabu Hizkia lan para panggedhe padha dhawuh marang para wong Lewi supaya padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah nganggo tembung-tembung anggitane Sang Prabu Dawud lan Asaf, wong sidik. Wong mau nuli ngrepekake kidung pepujian kalawan bungah lan banjur jengkeng sujud.
31. Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia ngandika: “Saiki sira wus padha nyaosake awakira marang Pangeran Yehuwah. Padha majua lan nggawaa kurban-kurban sembelehan lan kurban-kurban pamuji sokur marang ing padalemaning Pangeran Yehuwah!” Wong sapasamuwan tumuli padha nggawa kurban-kurban sembelehan lan kurban-kurban pepujian; saben wong kang atine lega-lila uga nggawa kurban-kurban obaran.
32. Gunggunge kurban obaran kang digawa dening wong sapasamuwan yaiku: sapi pitung puluh, wedhus gembel lanang satus, lan wedhus enom rong atus. Iku kabeh kanggo kurban obaran kagem Pangeran Yehuwah.
33. Anadene pisungsung-pisungsung suci awujud: sapi nem atus lan wedhus telung ewu.
34. Nanging cacahe imam kesithiken, mulane ora keconggah ngeleti sakehe kurban obaran. Awit saka iku para sadulure, para wong Lewi, mbiyantu nganti sarampunge pagawean lan nganti para imam wus padha nucekake awake. Amarga para wong Lewi iku anggone nucekake awake luwih tumemen tinimbang para imam.
35. Lan maneh kurbane obaran iku akeh, mangkono uga gajihe kurban slametan sarta kurban unjukan kanthine kurban obaran mau. Kaya mangkono pangibadah ing padalemaning Sang Yehuwah anggone katata maneh.
36. Sang Prabu Hizkia lan rakyat kabeh padha asuka-rena marga saka apa kang wus katetepake dening Gusti Allah kanggo bangsa iku, awit bab iku kalakone ora kanyana-nyana.