2 Babad 29:19-32 Kitab Sutji (JAV)

19. Wondene sakathahing pirantos, ingkang kabucal dening Sang Prabu Akhas, nalika panjenenganipun murtad ing wekdal ngasta paprentahanipun, sampun sami kawula cawisaken saha sampun sami kawula sucekaken. Sapunika sadaya wau wonten ing sangajenging misbyahipun Pangeran Yehuwah.”

20. Esuk uthuk-uthuk Sang Prabu Hizkia ngempalake para panggedhening kutha sarta banjur tedhak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.

21. Kabeh padha nggawa sapi lanang pitu, wedhus gembel lanang pitu, wedhus gembel enom pitu sarta wedhus berok lanang pitu minangka kurban pangruwating dosa kagem brayate Sang Prabu, kanggo pasucen lan kanggo Yehuda. Sang Prabu nuli dhawuh marang para tedhake Rama Harun, yaiku para imam, supaya nyaosake kurban mau ana ing misbyahe Pangeran Yehuwah.

22. Banjur padha nyembeleh sapi-sapi mau, para imam nampani getihe, disiramake ing misbyah. Sawuse mangkono tumuli nyembeleh wedhus-wedhuse gembel lanang, lan getihe kasiramake ing misbyah. Nuli nyembeleh wedhus-wedhuse gembel enom sarta getihe iya kasiramake ing misbyah.

23. Sabanjure wedhus-wedhus berok lanang, kang bakal kanggo kurban pangruwating dosa mau padha disowanake marang ing ngarsane Sang Prabu lan ing ngarepe pasamuwan. Nuli padha numpangake tangane ing wedhus-wedhus iku.

24. Para imam kang banjur nyembeleh lan nyaosake getihe ana ing misbyah, minangka kurban pangruwating dosa, supaya ngolehna panebus kanggo wong Israel kabeh. Awit Sang Nata wus paring dhawuh supaya saos kurban obaran lan kurban pangruwating dosa kanggo wong Israel kabeh.

25. Sang Prabu mapanake para wong Lewi ana ing padalemaning Pangeran Yehuwah kalawan nggawa kecer, slukat lan clempung, ngetrepi dhawuhe Sang Prabu Dawud lan Nabi Gad, wong sidik abdining Sang Nata, tuwin Nabi Natan, amarga iku dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar para nabine.

26. Para wong Lewi tumuli padha ngadeg kalawan nyekel piranti-piranti musik, yasane Sang Prabu Dawud, mangkono uga para imam, kang padha nyekel kalasangka.

27. Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh saos kurban obaran ana ing misbyah. Nalika kurban obaran wiwit kasaosake, kekidungan kagem Pangeran Yehuwah iya nuli karepekake, binarung swaraning kalasangka, lan piranti-piranti musik yasane Sang Prabu Dawud, ratu ing Israel.

28. Nalika kekidungan karepekake lan kalasangka kaunekake, wong sapasamuwan kabeh padha sujud lan nyembah. Iku kabeh tumindak nganti saenteke kurban obaran.

29. Sarampunge saos kurban obaran, Sang Prabu lan sakehe wong kang padha ana ing kono ndherek Sang Prabu, padha jengkeng sujud.

30. Sang Prabu Hizkia lan para panggedhe padha dhawuh marang para wong Lewi supaya padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah nganggo tembung-tembung anggitane Sang Prabu Dawud lan Asaf, wong sidik. Wong mau nuli ngrepekake kidung pepujian kalawan bungah lan banjur jengkeng sujud.

31. Sawuse mangkono Sang Prabu Hizkia ngandika: “Saiki sira wus padha nyaosake awakira marang Pangeran Yehuwah. Padha majua lan nggawaa kurban-kurban sembelehan lan kurban-kurban pamuji sokur marang ing padalemaning Pangeran Yehuwah!” Wong sapasamuwan tumuli padha nggawa kurban-kurban sembelehan lan kurban-kurban pepujian; saben wong kang atine lega-lila uga nggawa kurban-kurban obaran.

32. Gunggunge kurban obaran kang digawa dening wong sapasamuwan yaiku: sapi pitung puluh, wedhus gembel lanang satus, lan wedhus enom rong atus. Iku kabeh kanggo kurban obaran kagem Pangeran Yehuwah.

2 Babad 29