1. Pangeran Hizkia nalika jumeneng ratu yuswa salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase sangalikur taun. Kang ibu asma Abia, putri putrane Sang Zakharia.
2. Panjenengane nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, ngetrepi apa kang dilampahi dening Sang Prabu Dawud, kang eyang.
3. Ing taun kang kapisane paprentahane, ing sasi kapisan, Sang Prabu dhawuh ngengakake lawang-lawange padalemane Pangeran Yehuwah tuwin didandani.
4. Tumuli nimbali para imam lan para wong Lewi, padha didhawuhi nglumpuk ana ing plataran wetan.
5. Sang Nata ngandika: “Padha ngrungokna, he para wong Lewi! Ing saiki sira padha sesucia, mangkono uga padalemaning Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurira iya sucekna!
6. Awit leluhur kita wus padha ora setya, padha nglakoni apa kang ala ana ing paningaling Yehuwah, Gusti Allah kita, padha nyingkur marang Panjenengane, padha ngengokake raine saka ing padalemaning Yehuwah lan ngungkurake iku.
7. Malah padha nginebake lawang-lawange srambine padalemaning Yehuwah sarta mateni sakehing damar. Ora padha ngobong dupa lan ora ngunjukake kurban obaran marang Gusti Allahe wong Israel ana ing pasucen,
8. satemah Yehuda lan Yerusalem padha katiban ing bebenduning Yehuwah, padha kadadekake nistha, nggegirisi sarta dadi pepoyokan, kaya kang padha sira deleng kalawan mripatira dhewe iki.
9. Iya marga saka iku leluhur kita nuli padha tiwas dening pedhang, tuwin anak kita lanang wadon apadene somah kita padha dadi tawanan.
10. Lah saiki ingsun kagungan karsa arep nganakake prajanjian karo Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, supaya bebendune kang mulad-mulad iku sumingkir saka kita.
11. He, anak-anakingsun, sira saiki aja padha tlendho, awitdene sira wus padha kapilih dening Pangeran Yehuwah kadhawuhan ana ing ngarsane ngladosi Panjenengane, nindakake pangibadah lan ngobong kurban kagem Panjenengane.”
12. Para wong Lewi banjur padha tumandang, yaiku saka bani Kehat: Mahat bin Amasai lan Yoel bin Azaria, saka bani Merari: Kisy bin Abdi lan Azaria bin Yehaleleel, saka wong Gerson: Yoah bin Zima lan Eden bin Yoah,
13. saka bani Elizafan: Simri lan Yeiel, saka bani Asaf: Zakharia lan Matanya,
14. saka bani Heman: Yehiel lan Simei, lan saka bani Yedutun: Semaya lan Uziel.
15. Iku padha nglumpukake para sadulure lan padha sesuci. Sawuse mangkono nuli padha mara miturut dhawuhe Sang Prabu, cundhuk karo pangandikaning Sang Yehuwah, tumuli padha nucekake padalemaning Sang Yehuwah.
16. Sawuse iku para imam banjur padha lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah prelu nucekake iku. Kabeh kang najis, kang tinemu ana ing padalemaning Sang Yehuwah, digawa menyang ing plataraning padalemane Pangeran Yehuwah; iku padha ditampani dening para wong Lewi lan digawa metu, menyang ing Lebak Kidron.
17. Anggone wiwit nucekake iku ing tanggal sapisan, sasi kapisan. Ing dina kang kaping wolu, sasi iku, wus padha tutug ing srambining padalemane Pangeran Yehuwah lan anggone nucekake padalemaning Yehuwah iku suwene wolung dina. Rampunge ing dina kang kaping nembelas sasi kapisan.
18. Sawuse iku banjur padha lumebu sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Hizkia lan munjuk: “Kawula sampun sami nucekaken padalemaning Pangeran Yehuwah sedaya, ugi misbyah kurban obaran sapirantosipun sadaya.
19. Wondene sakathahing pirantos, ingkang kabucal dening Sang Prabu Akhas, nalika panjenenganipun murtad ing wekdal ngasta paprentahanipun, sampun sami kawula cawisaken saha sampun sami kawula sucekaken. Sapunika sadaya wau wonten ing sangajenging misbyahipun Pangeran Yehuwah.”
20. Esuk uthuk-uthuk Sang Prabu Hizkia ngempalake para panggedhening kutha sarta banjur tedhak menyang ing padalemaning Pangeran Yehuwah.