25. Saben kutha ing Yehuda didegi tengger-tengger pangurbanan kanggo papaning ngobong kurban marang allah liyane. Kaya mangkono anggone Sang Prabu damel gerahe panggalihe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.
26. Anadene kekarene riwayate lan sakehe lampah-lampahe, wiwit wiwitan nganti tekan wekasan, lah iku kabeh katulisan ana ing buku bab para ratu ing Yehuda lan Israel.
27. Sang Prabu Akhas nuli kepareng aso nunggil karo leluhure lan kasarekake ana ing kutha, ana ing Yerusalem, nanging ora kasarekake ing pasareane para ratu Israel. Pangeran Hizkia, kang putra, banjur jumeneng ratu nggentosi panjenengane.