2 Babad 28:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. nanging sugenge ngenut lampah-lampahe para ratu ing Israel, malah yasa reca-reca cithakan kanggo para Baal.

3. Sang Prabu uga mbesmi kurban ana ing Lebak Ben-Hinom lan mbesmi para putrane minangka kurban, cocog karo panggawene nistha para bangsa kang wus katundhungan dening Pangeran Yehuwah saka ing ngarepe wong Israel.

4. Panjenengane mbesmi kurban ana ing tengger-tengger pangurbanan lan ana ing papan-papan kang dhuwur sarta ana ing sangisore saben wit-witan kang nggrembel.

5. Awit saka iku Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, banjur ngulungake panjenengane marang ing astane ratune wong Aram. Panjenengane ditelukake tuwin akeh para wonge kang ditawan lan padha digawa menyang ing Damsyik. Sawuse iku Sang Prabu nuli diulungake marang ing astane ratu ing Israel sarta dikawonake kang banget kae.

6. Amarga ing sajroning sadina Sang Prabu Pekah bin Remalya ana ing Yehuda damel tiwase wong satus rong puluh ewu, kabeh para wong kang prawira, amarga wus padha ngungkurake Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

7. Sarta Zikhri, sawijining gegedhug saka Efraim, nyedani Pangeran Maaseya, putrane Sang Prabu, Sang Azrikam, panggedhening kraton, lan Sang Elkana, priyagung kang angka loro sangisore Sang Nata.

8. Panunggalane sadulure ana kang ditawan dening wong Israel rong atus ewu, yaiku wong wadon lan bocah lanang sarta wadon. Wong-wong iku uga padha njarah rayah barang-darbeke kang akeh cacahe, padha digawani menyang ing Samaria.

9. Nanging ing kono ana sawijining nabine Pangeran Yehuwah, kang asma Odhed. Nabi iku tindak methukake wadya-bala kang bali menyang ing Samaria lan ngandika marang wong-wong mau mangkene: “Lah awit saka dukane marang Yehuda, Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, ngulungake wong-wong iku marang ing tanganmu, sarta kowe padha gawe pepati ana ing satengahe kanthi riwuding nepsu kang nganti sundhul ing langit.

10. Dene saiki kowe padha duwe karep sumedya nelukake Yehuda lan Yerusalem arep padha kokdadekake batur tukon lanang lan wadon. Apa kowe dhewe ora duwe kaluputan kang gedhe ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu?

2 Babad 28