15. Ana ing Yerusalem Sang Prabu uga yasa pirantining perang, kang kena kanggo nglepasake panah lan watu gedhe. Iku gaweane tukang kang ahli. Piranti iku kadekek ing sadhuwure panggung lan ing pojok-pojok. Asmane Sang Prabu dadi misuwur nganti tekan nagara-nagara kang adoh, amarga panjenengane kaparingan pitulungan kalawan ngeram-eramake, satemah dadi santosa.
16. Bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung lan nindakake bab kang gawe rusak. Panjenengane ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, sarta kumawani lumebet ing Padaleman Suci prelu mbesmi dupa ana ing misbyah padupan.
17. Nanging Imam Agung Azarya ngetutake ana ing sawingkinge, kadherekake imaming Yehuwah wolung puluh, para wong kang tatag.
18. Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”
19. Nanging Sang Prabu Uzia kalawan ngasta bokor padupan arep kekutug, banjur dadi duka. Bareng dukane lagi banget-bangete, palarapane nuli kena lelara saraat ana ing ngarepe para imam ana ing padalemaning Yehuwah kono, ana ing sacedhake misbyah padupan.
20. Imam Agung Azarya lan sakehe imam liyane padha mandheng marang panjenengane, lah Sang Prabu gerah saraat ana ing palarapane. Sang Prabu banjur enggal-enggal diaturi miyos saka ing kono. Sang Prabu piyambak iya tumuli enggal-enggal miyos, awit wus kadhawuhan wewelak dening Pangeran Yehuwah.