6. Kajaba saka iku panjenengane nyewa saka Israel wong prawira kang gagah prakosa cacahe satus ewu, sewane satus talenta selaka.
7. Nanging nuli ana abdining Allah kang sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Dhuh, Sang Prabu, sampun ngantos marengaken wadya-bala Israel nunggil kaliyan gusti kawula, awit Pangeran Yehuwah boten nunggil kaliyan Israel, inggih punika sakathahing bani Efraim punika.
8. Dene manawi punika meksa katunggilaken, sanadyan kados pundi kemawon tumindak paduka saha kakiyatan paduka ing salebeting peperangan, Gusti Allah badhe ndhawahaken paduka wonten ing ngajenging mengsah, amargi Gusti Allah punika kagungan pangwaos mitulungi tuwin ndhawahaken!”
9. Sang Prabu Amazia tumuli ngandika marang abdining Allah mau: “Lah banjur kapriye dhuwit satus talenta kang wus sunparingake marang wadya-bala Israel iku?” Atur wangsulane abdining Allah: “Pangeran Yehuwah saged maringi dhumateng paduka langkung saking samanten!”
10. Sang Prabu Amazia nuli misah wadya-bala kang saka Efraim lan nunggil karo panjenengane mau, padha kadhawuhan bali menyang ing papan padunungane. Wong-wong iku banjur nepsu banget marang Yehuda. Anggone padha mulih kalawan nepsu ngigit-igit.