15. Ing kono Pangeran Yehuwah duka marang Sang Prabu Amazia, banjur utusan nabi sowan marang ing ngarsane, kang tumuli munjuk: “Punapa sababipun dene paduka madosi allahipun bangsa ingkang boten saged ngluwari bangsanipun piyambak saking asta paduka?”
16. Nalika nabi mau lagi matur, Sang Prabu Amazia ngandika: “Apa sira sundadekake juru pirembage Sang Nata? Menenga! Apa sira njaluk mati?” Nabi mau banjur kendel, nanging sawuse matur: “Kawula punika sumerep bilih Gusti Allah sampun mutus badhe nyirnakaken paduka, awit paduka sampun tumindak makaten, saha boten karsa midhangetaken dhateng rembag kawula.”
17. Sawuse mangkono Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, nganakake pirembagan lan banjur utusan wong marang ing ngarsane Sang Prabu Yoas, bin Yoakhas bin Yehu, ratu ing Israel, kadhawuhan nglantarake pangandikane mangkene: “Sumangga kita sami ngaben kakiyatan!”
18. Nanging Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, nuli utusan sowan marang ing ngarsane Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, kadhawuhan maringake wangsulane mangkene: “Wit eri ing redi Libanon punika kintun piweling dhateng wit eres ing redi Libanon makaten: Anak sampeyan estri sampeyan sukakaken dhateng anak kula jaler, dadosa semahipun. Nanging kewan-kewan ing wana ingkang wonten ing redi Libanon punika langkung ing ngriku lajeng ngidak wit eri wau.
19. Panjenengan nggalih, panjenengan sampun ngawonaken Edom, milanipun panggalih panjenengan lajeng kumaluhur-luhur lan badhe ngupados pangaji-aji. Sapunika, kula aturi wonten ing dalem kemawon. Punapa ta prelunipun panjenengan ngajap dhateng bilai, satemah panjenengan lajeng dhawah dalasan Yehuda pisan?”
20. Nanging Sang Prabu Amazia ora karsa midhangetake, amarga bab iku wus katetepake dening Gusti Allah, wong-wong mau bakal kaulungake marang ing astane Sang Prabu Yoas, awit wus padha ngupaya marang allahe wong Edom.
21. Mulane Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, banjur majeng ngaben kakiyatan, panjenengane lan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, ana ing Bet-Semes ing wilayah Yehuda.
22. Yehuda disorake Israel, temah padha lumayu menyang ing tarube dhewe-dhewe.
23. Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, putrane Sang Prabu Yoas bin Yoakhas nuli dicepeng dening Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, ana ing Bet-Semes, sarta banjur kabekta dening Sang Prabu Yoas menyang ing Yerusalem. Sang Prabu Yoas tumuli dhawuh mbubrah tembok Yerusalem wiwit Gapura Efraim nganti tekan Gapura Pojok, dawane patang atus asta.
24. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur mundhuti sakehe emas lan selaka sarta sakehe prabot kang tinemu ana ing padalemaning Allah lan kang kareksa dening brayate Obed-Edom, uga raja-brana ing kadhatone Sang Nata sarta para wong kang kanggo cekelan, nuli kondur menyang ing Samaria.
25. Sang Prabu Amazia, putrane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, isih sugeng limalas taun sawuse Sang Prabu Yoas bin Yoakhas, ratu ing Israel seda.
26. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Amazia, wiwit wiwitan nganti wekasan, iku kabeh rak katulisan ana ing buku bab para ratu ing Yehuda lan ing Israel.
27. Wiwit nalika Sang Prabu Amazia nebihi Pangeran Yehuwah, wong padha sekuthon nglawan panjenengane ana ing Yerusalem, mulane Sang Nata nuli ngungsi menyang ing Lakhis. Nanging wong-wong mau banjur padha kongkonan wong ngoyak panjenengane menyang ing Lakhis, sarta banjur disedani ana ing kono.
28. Sang Prabu nuli katitihake ing jaran sarta banjur disarekake sandhing para leluhure ing kuthane Sang Prabu Dawud.