2 Babad 25:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Amazia nalika jumeneng ratu yuswane salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ing Yerusalem lawase sangalikur taun. Kang ibu asma Yoadan, saka ing Yerusalem.

2. Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, mung bae ora kalawan gumolonging panggalih.

3. Bareng pangwasaning karajan wus santosa ana ing astane, para punggawa kang nyedani Sang Nata, kang rama, padha dipateni.

4. Nanging anak-anake ora diukum pati, awit Sang Nata nindakake apa kang katulisan ing sajroning Toret, yaiku kitabe Nabi Musa, kang uga isi dhawuhe Pangeran Yehuwah: “Aja ana bapa kang mati marga saka anake, lan uga aja ana anak kang mati marga saka bapakne, nanging saben wong matine kudu marga dosane dhewe.”

5. Sang Amazia banjur nglempakake wong Yehuda, yaiku wong Yehuda lan Benyamin kabeh, padha didhawuhi ngadeg manut para kulawangsane, dipanggedheni dening tetindhihing wadya-bala sewu lan para tetindhihing wadya-bala satus. Bareng kaetung dening Sang Nata wong kang umur rong puluh taun munggah, tinemune ana nonoman telung atus ewu kang sembada ing perang kalawan sikep tumbak lan tameng.

6. Kajaba saka iku panjenengane nyewa saka Israel wong prawira kang gagah prakosa cacahe satus ewu, sewane satus talenta selaka.

7. Nanging nuli ana abdining Allah kang sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Dhuh, Sang Prabu, sampun ngantos marengaken wadya-bala Israel nunggil kaliyan gusti kawula, awit Pangeran Yehuwah boten nunggil kaliyan Israel, inggih punika sakathahing bani Efraim punika.

2 Babad 25