2 Babad 22:8-10 Kitab Sutji (JAV)

8. Nalika Sang Yehu matrapi paukuman marang tedhake Sang Prabu Akhab, kepanggih karo para panggedhe ing Yehuda lan para putrane sadherek-sadhereke Sang Prabu Ahazia, kang padha ngladosi Sang Prabu Ahazia; iku iya padha disedani.

9. Sawuse mangkono tumuli madosi Sang Prabu Ahazia. Sang Prabu Ahazia kecepeng nalika ndhelik ana ing Samaria, banjur kaladosake marang ing ngarsane Sang Yehu, nuli disedani, nanging iya tumuli kasarekake, amarga pangucape wong: “Panjenengane iku wayahe Sang Prabu Yosafat, kang ngupaya marang Pangeran Yehuwah kalawan gumolonging panggalihe.” Anadene kulawargane Sang Prabu Ahazia iku ora ana kang keconggah ngasta paprentahan maneh.

10. Sang Putri Atalya, ibune Sang Prabu Ahazia, bareng mirsa, manawa kang putra wus seda, banjur tumandang nyirnakake sakehe tedhak turuning ratu, trah Yehuda.

2 Babad 22