2 Babad 22:10-12 Kitab Sutji (JAV)

10. Sang Putri Atalya, ibune Sang Prabu Ahazia, bareng mirsa, manawa kang putra wus seda, banjur tumandang nyirnakake sakehe tedhak turuning ratu, trah Yehuda.

11. Nanging Sang Putri Yosabat, putra putrine Sang Prabu, mundhut Pangeran Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, kaculik saka ing satengahe para putrane Sang Prabu kang bakal disedani mau, banjur dilebetake ing gudhang pasarean karo inyane. Kaya mangkono Sang Putri Yosabat, putri putrane Sang Prabu Yoram, garwane Imam Yoyadha, -- panjenengane iku sadhereke putri Sang Prabu Ahazia -- anggone ndhelikake Pangeran Yoas saka ing ngarsane Sang Putri Atalya, satemah ora nganti disedani dening Sang Putri Atalya;

12. nem taun anggone Pangeran Yoas dedalem kalawan umpetan ana ing padalemaning Allah nunggil karo para kadange mau, ing nalikane Sang Putri Atalya ngasta paprentahan ana ing nagara.

2 Babad 22