22. Bareng padha wiwit surak-surak lan ngrepekake kidung pepujian, Pangeran Yehuwah banjur karya wadya-bala cegatan tumrap bani Amon lan bani Moab, sarta para wong kang saka ing pagunungan Seir, kang padha arep nempuh Yehuda, satemah padha disorake.
23. Bani Amon lan bani Moab banjur nempuh wong kang padha manggon ing pagunungan Seir, arep ditumpes lan disirnakake. Sawuse nyirnakake wong Seir, tumuli padha paten-pinatenan dhewe.
24. Bareng wong Yehuda teka ing papan pagunungan ing pasamunan, banjur padha ngawasake panggonaning wadya-bala, lah katon wus padha dadi bangke kabeh pating glethak ana ing bumi, ora ana kang bisa oncat.
25. Sang Prabu Yosafat sawadya-balane nuli mandhap lan njarah-rayah barang-barange. Padha oleh raja-kaya, raja-brana, sandhangan lan barang-barang kang pengaji. Kang kajarah iku kehe ngluwihi kang bisa digawa. Telung dina suwene anggone padha njarah-rayah barang-barang mau, marga saka akehe.
26. Ing dina kang kaping pate padha nglumpuk ana ing Lebak Pangalembana. Ana ing kono padha ngluhurake Pangeran Yehuwah, mulane panggonan mau kaaranan Lebak Pangalembana nganti tekan saiki.
27. Sawuse mangkono wong Yehuda lan wong Yerusalem banjur padha bali kabeh ndherekake Sang Prabu Yosafat, padha bali menyang ing Yerusalem kalawan bungah, amarga Pangeran Yehuwah paring kaunggulan, dene mungsuhe wus kasoran.
28. Anggone lumebu ing Yerusalem kalawan slukat, clempung lan kalasangka sarta banjur njujug ing padalemaning Yehuwah.
29. Sakehe karajan ing nagara-nagara liya padha katempuh ing pagiris, nalika krungu bab anggone Pangeran Yehuwah perang nglawan para mungsuhe Israel.
30. Anadene karajane Sang Prabu Yosafat ngalami tentrem, jalaran Gusti Allahe ngganjar katentreman warata.
31. Sang Prabu Yosafat ngasta paprentahan ana ing Yehuda. Nalika jumeneng ratu yuswane telung puluh lima tahun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase selawe taun. Kang ibu asma Azuba, putri putrane Sang Silkhi.
32. Sugenge ngenut tindake Sang Prabu Asa, kang rama, ora nyleweng saka iku, sarta nglampahi apa kang bener ana ing paningale Sang Yehuwah.
33. Mung bae tengger-tengger pangurbanan ora disingkirake. Bangsa iku durung madhepake atine marang Gusti Allahe para leluhure.
34. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yosafat, wiwit sakawit nganti tekan ing wekasan, lah kabeh iku katulisan ana ing riwayate Nabi Yehu bin Hanani, kang kamot ing buku bab para raja ing Israel.
35. Sawuse mangkono Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, nganakake pasarujukan karo Sang Prabu Ahazia, ratu ing Israel, kang tindak-tanduke ala.
36. Anggone nganakake pasarujukan karo Sang Prabu Ahazia iku karsane arep yasa prau-prau kang kena dianggo lelayaran menyang ing Tarsis. Panggawene kapal-kapal iku ana ing Ezion-Geber.
37. Nanging Nabi Eliezer bin Dodawa saka ing Maresa tumuli medhar wangsit marang Sang Prabu Yosafat, unjuke: “Ing sarehne Paduka ngawontenaken pasarujukan kaliyan Sang Prabu Ahazia, milanipun Pangeran Yehuwah badhe ngrisak pakaryan paduka.” Kapal-kapal mau nuli padha remuk lan ora bisa lelayaran menyang ing Tarsis.