2 Babad 2:4 Kitab Sutji (JAV)

Kauningana, kula badhe yasa padaleman kagem ing asmanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, dadosa sesengkeranipun, supados ing ngarsanipun kabesmia dupa anggi-anggi arum, sarta sesaos roti ajegan tuwin kurban obaran enjing sonten, ing dinten-dinten Sabat lan ing wulan-wulan enggal, punapadene ing riyaya-riyaya ingkang katetepaken dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, amargi sadaya wau dados kuwajibanipun tiyang Israel ing salami-laminipun.

2 Babad 2

2 Babad 2:1-9