2 Babad 19:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Prabu Yosafat ratu ing Yehuda kondur menyang ing kadhatone ing Yerusalem kalawan wilujeng.

2. Nalika iku Nabi Yehu bin Hanani, wong sidik, tindak manggihi Sang Prabu Yosafat lan munjuk marang panjenengane: “Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangeran Yehuwah? Margi saking prakawis punika Pangeran Yehuwah duka dhateng paduka.

3. Nanging taksik wonten bab-bab ingkang sae ingkang pinanggih wonten ing paduka, amargi paduka nyingkiraken tugu-tugu brahala saking ing nagari punika saha ngupadosi Gusti Allah kalayan temen-temen.”

4. Sang Prabu Yosafat akedhaton ana ing Yerusalem. Panjenengane tindak mider-mider ing wilayah-wilayah, wiwit saka ing Bersyeba nganti tekan ing pagunungan Efraim kalawan dhawuh supaya rakyat padha mratobata marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure.

5. Sang Nata uga ngedegake hakim ana ing saindenging nagara, yaiku ing sakehe kutha-beteng ing Yehuda, ing saben kutha.

6. Para hakim iku padha kaparingan piweling mangkene: “Apa kang sira tindakake iku katimbang-timbanga, amarga anggonira padha nindakake pangadilan iku ora kanggo manungsa, nanging kagem Pangeran Yehuwah, kang celak kalawan sira, manawa sira padha nindakake pangadilan.

7. Mulane sira muga padha kalimputana ing rasa wedi marang Sang Yehuwah. Sira padha tumindaka kalawan ngati-ati, awit pratingkah culika, ngeloni utawa nampani besel iku ora tinemu ana ing Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.”

8. Ana ing Yerusalem Sang Prabu Yosafat uga ngangkat wong Lewi, para imam lan para leluhuring kulawangsa Israel sawetara padha kadhawuhan aweh putusan ing bab angger-anggering Yehuwah lan ing bab para-padu. Iku padha manggon ana ing Yerusalem,

9. sarta padha didhawuhi mangkene: “Sira kudu padha tumindak kalawan wedi asih marang Pangeran Yehuwah, kalawan setya lan tulusing ati, lire mangkene:

2 Babad 19