20. Lajeng wonten satunggaling roh ingkang majeng saha lajeng ngadeg wonten ing ngarsaning Yehuwah sarta munjuk: Kawula ingkang badhe ngrimuk. Sang Yehuwah ndangu: Sarana apa?
21. Atur wangsulanipun: Kawula badhe kesah lan dados roh doracara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Sira ngrimuka dheweke, sira bakal oleh gawe. Sira mangkata lan nglakonana mangkono!
22. Dene sapunika, lah Pangeran Yehuwah sampun nganjingaken roh doracara wonten ing cangkemipun para nabi paduka, awit Pangeran Yehuwah sampun mutus badhe ndhawahaken bilai dhumateng paduka.”
23. Ing kono Zedhekia bin Kenaana banjur maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap mangkene: “Kepriye bisane tumindak, Rohe Sang Yehuwah kok pindhah saka aku lan banjur mangandikani kowe?”
24. Nanging Nabi Mikha mangsuli, pangandikane: “Lah kowe bakal nyumurupi bab iku samangsa kowe lumayu ndhelik saka ing kamar kang siji menyang ing kamar sijine.”