2 Babad 18:13-19 Kitab Sutji (JAV)

13. Nanging Nabi Mikha mangsuli, pangandikane: “Dhemi Pangeran Yehuwah kang gesang, lah apa kang bakal dipangandikakake dening Gusti Allahku, iku kang bakal dakucapake.”

14. Bareng wus sowan ing ngarsane Sang Nata, Sang Prabu ndangu marang panjenengane: “Mikha, apa ingsun padha kalilan nglurug perang nglawan Ramot-Gilead apa iku sunwurungake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak nglurug, paduka badhe angsal damel, sabab sami badhe kaulungaken dhateng ing asta paduka!”

15. Nanging Sang Nata banjur ngandika marang panjenengane: “Nganti ping pira ingsun dhawuh sumpah marang sira, supaya sira mung ngaturake marang ingsun ing sabenere bae?”

16. Unjuke Nabi Mikha: “Kawula sampun ningali wadya-bala Israel sami pating slebar sadaya wonten ing redi-redi kadosdene menda ingkang boten wonten pangenipun, milanipun Sang Yehuwah ngandika: Wong iku ora padha duwe gusti. Awit saka iku kareben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kalawan slamet.”

17. Sang Nata ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhateng panjenengan: Boten nate tiyang punika memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung bab bilai thok?”

18. Unjuke Nabi Mikha: “Pramila paduka mugi karsaa midhangetaken pangandikaning Yehuwah. Kawula ningali Pangeran Yehuwah lenggah ing dhamparipun sarta wadya-bala ing swarga sami ngadeg sadaya ing sakiwa tengenipun.

19. Pangeran Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab, ratu ing Israel, supaya nglurug perang lan banjur tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satungal munjuk makaten, satunggalipun munjuk makaten.

2 Babad 18