13. Sang Prabu Asa nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure. Sedane ing taun kang kaping patang puluh sijine paprentahane,
14. sarta banjur kasarekake ing astana kang wus kayasa kagem panjenengane ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Wong-wong anggone padha nyarekake ana ing pasarean kang dikebaki anggi-anggi lan sawernane adon-adon kang dicampur miturut carane nyampur adon-adon, tumuli ngurubake geni kang gedhe banget minangka pakurmatan.