2 Babad 16:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping telung puluh eneme paprentahane Sang Prabu Asa, Sang Prabu Baesa, ratu ing Israel nglurug perang nglawan Yehuda. Kutha Rama disantosani kanggo nyegah mlebu metune wong marang ing wewengkone Sang Prabu Asa, ratu ing Yehuda.

2. Sang Prabu Asa banjur ngedalake emas lan selaka saka ing pasimpenaning padalemane Pangeran Yehuwah lan saka ing pasimpenaning kedhaton, dikintunake marang Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram, kang ngedhaton ana ing Damsyik kalawan pangandikane:

2 Babad 16