2 Babad 15:9-11 Kitab Sutji (JAV)

9. Wong ing sawewengkone Yehuda lan Benyamin lan wong Efraim, Manasye lan Simeon kang neneka ana ing satengahe padha diklumpukake kabeh, amarga wong Israel nalika sumurup, manawa Sang Yehuwah, Gusti Allahe, nunggil kalawan Sang Prabu, akeh kang padha mbalik ngawula marang panjenengane.

10. Iku padha nglumpuk ana ing Yerusalem ing sasi kang katelu ing taun kang kaping limane paprentahane Sang Prabu Asa.

11. Ing dina iku wong-wong padha ngunjukake marang Pangeran Yehuwah sapi pitung atus lan wedhus pitung ewu saka jarahan kang kagawa mulih.

2 Babad 15