Bareng Sang Prabu Asa mudhanget atur pamecane Nabi Azarya bin Odhed mau, Sang Prabu banjur ngiyatake panggalihe lan nuli nyingkirake dewa-dewaning kanisthan saka ing saindenge tanah Yehuda lan Benyamin lan saka ing kutha-kutha kang karebut ana ing pagunungan Efraim. Misbyahing Yehuwah kang ana ing sangarepe srambining Padaleman Sucine Pangeran Yehuwah dianyarake.