2 Babad 1:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. mulane kawicaksanan lan kawasisan iku kaparingake marang sira; kajaba saka iku sira Sunparingi kasugihan, raja-brana lan kamulyan, kang durung tau kadarbe dening para ratu sadurunge sira sarta ora bakal ana ratu sawuse sira kang ndarbeni iku.”

13. Sang Prabu Suleman nuli tindak saka ing tengger pangurbanan ing Gibeon, saka ing ngarepe Tarub Pasewakan, kondur menyang ing Yerusalem sarta banjur ngasta paprentahan ing Israel.

14. Sang Prabu Suleman tumuli nglempakake kreta lan wadya-bala jaranan, nganti kagungan kreta sewu patang atus lan wadya-bala jaranan rolas ewu, kabeh padha kapanggonake ana ing kutha-kutha panggonan kreta lan cedhak karo Sang Prabu ana ing Yerusalem.

2 Babad 1