1 Yokanan 5:9-14 Kitab Sutji (JAV)

9. Manawa kita padha nganggep marang paseksene manungsa, paseksene Gusti Allah iku ngluwihi, amarga iya mangkono iku paseksene Gusti Allah, kang diparingake ing ngatase Kang Putra.

10. Sapa kang pracaya marang Putraning Allah, iku nduweni paseksen mangkono ana ing batine. Sapa kang ora pracaya marang Gusti Allah, iku dadine nganggep Panjenengane dora, amarga ora ngandel marang paseksen kang wus dilairake dening Gusti Allah bab ing ngatase Kang Putra.

11. Anadene kang dadi paseksene: Kita wus padha kaparingan urip langgeng dening Gusti Allah, lan urip iku dumunung ana ing Kang Putra.

12. Sapa kang nduweni Sang Putra, iku nduweni urip. Sapa kang ora nduweni Putraning Allah, iku ora nduweni urip.

13. Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.

14. Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.

1 Yokanan 5