12. Ora ana wong kang tau ndeleng marang Gusti Allah. Manawa kita padha tresna-tinresnan, Gusti Allah tetep ana ing kita, lan sihe iku sampurna ana ing kita.
13. Anggon kita sumurup yen kita padha tetep ana ing Panjenengane, lan Panjenengane ana ing kita, iya iku dene kita wus padha kapanduman Rohe.
14. Anadene aku iki wus padha ndeleng lan nekseni yen Sang Rama wus ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagad.
15. Kang iku sing sapa ngakoni yen Gusti Yesus iku Putrane Gusti Allah, Gusti Allah tetep ana ing wong iku, lan wong iku ana ing Gusti Allah.
16. Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.
17. Sihe Gusti Allah iku sampurna ana ing kita, iya iku manawa kita padha tatag ing pracaya besuk in dinane pangadilan, awit kita iya ana ing donya kene kayadene Panjenengane.
18. Katresnan iku ora kadunungan rasa wedi, katresnan kang sampurna iku malah mbengkas rasa wedi, amarga wedi iku ngandhut paukuman, lan wong kang wedi iku ora sampurna katresnane.
19. Anggon kita padha tresna iku, amarga Gusti Allah wus ngasihi marang kita luwih dhisik.
20. Manawa ana wong kang muni: “Aku tresna marang Gusti Allah,” mangka sengit marang sadulure, iku wong goroh. Awit wong kang ora tresna marang sadulure kang kasat mripat, kapriye anggone bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?
21. Karodene dhawuh timbalan iki oleh kita iya saka Panjenengane: Sapa kang tresna marang Gusti Allah, iku iya kudu tresna marang sadulure uga.