11. He, para kekasih, sarehne nganti samono anggone Gusti Allah ngasihi marang kita, dadine kita iki iya padha kawajiban tresna-tinresnan.
12. Ora ana wong kang tau ndeleng marang Gusti Allah. Manawa kita padha tresna-tinresnan, Gusti Allah tetep ana ing kita, lan sihe iku sampurna ana ing kita.
13. Anggon kita sumurup yen kita padha tetep ana ing Panjenengane, lan Panjenengane ana ing kita, iya iku dene kita wus padha kapanduman Rohe.
14. Anadene aku iki wus padha ndeleng lan nekseni yen Sang Rama wus ngutus Sang Putra dadi Pamartaning jagad.
15. Kang iku sing sapa ngakoni yen Gusti Yesus iku Putrane Gusti Allah, Gusti Allah tetep ana ing wong iku, lan wong iku ana ing Gusti Allah.
16. Kita iki wus padha nyumurupi lan pracaya marang sihe Gusti Allah marang kita. Gusti Allah iku katresnan, lan sapa kang ngantepi ing katresnan, iku tetep ana ing Gusti Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku.
17. Sihe Gusti Allah iku sampurna ana ing kita, iya iku manawa kita padha tatag ing pracaya besuk in dinane pangadilan, awit kita iya ana ing donya kene kayadene Panjenengane.