1 Timoteus 4:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Nanging gugontuhon tuwin dongenge si nini-nini iku dohana. Nggegulanga ing pangibadah.

8. Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.

9. Iki pitutur kang bener lan wajib ditampani kalawan temen-temen.

10. Awit iya iku sababe anggon kita padha nglakoni rekasa lan ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduweni pangarep-arep marang Gusti Allah kang gesang, kang dadi Pamartane wong kabeh, angka siji kanggo para wong kang pracaya.

11. Iku kabeh wartakna lan wulangna.

12. Aja nganti ana wong kang nyepelekake kowe, marga kowe isih enom. Kowe dadia tuladha tumrap para wong kang pracaya ing bab tembung-tembungmu, tindak-tandukmu, katresnanmu, kasetyanmu tuwin ing bab kasucenmu.

13. Ing sabanjure kowe ngantepana anggonmu macakake Kitab-kitab Suci, anggonmu mbangun lan memulang nganti satekaku.

1 Timoteus 4