1 Timoteus 3:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Iki tembung kang satuhu, “Manawa wong kapengin nggayuh marang kalungguhan pamomong, iku kapengin nindakake pagawean kang adi.”

2. Mulane juru pamomong iku kudu tanpa cacad, kang arabi siji, bisa ngendhaleni dhiri, wicaksana, tata-krama, dhangan aweh pamondhokan, baud memulang,

3. ora karem ngombe minuman keras, ora gampang nepsu, nanging sumanak, dhemen ngrukunake, ora ngawula marang bandha,

4. dadi kepalaning brayate kang becik, kang dieringi lan diajeni dening anak-anake.

5. Manawa wong ora bisa ngemudheni brayate dhewe, kapriye anggone bisa ngurus pasamuwaning Allah?

6. Aja wong kang lagi bae mratobat, supaya aja dadi gumunggung lan kena paukumaning Iblis.

7. Apamaneh iya kudu kaseksenan becike ana ing sajabaning pasamuwan, supaya aja kena ing panggugating wong lan tumiba ing kalaning Iblis.

8. Mangkono uga para juru pamulasara iya kudu wong kang kajen, kang ora ilat rangkep, ora karem anggur, ora srakah,

9. nanging wong kang bisa nyimpen wewadining pracaya ing sajroning swaraning batine kang suci.

1 Timoteus 3