1. Nanging, para sadulur, mungguh mangsa lan wayahe ora prelu daktulis marang kowe,
2. amarga kowe wus padha sumurup dhewe kalawan cetha, yen dina rawuhe Gusti iku tekane kaya maling ing wayah bengi.
3. Manawa wong-wong padha kandha: Saiki tentrem, ora ana bebaya -- mangka dumadakan wong-wong padha katempuh ing bilai, kayadene wong wadon kang ngandheg dadakan nglarani -- mesthi ora bakal padha bisa ngoncati.
4. Nanging kowe iku, para sadulur, padha ora ana ing pepeteng, yen ngantia kowe padha kebrejog ing dina ki kaya tekaning maling,
5. amarga kowe kabeh iku padha dadi anaking raina. Kita iku dudu wong-wonging wengi utawa wong-wonging pepeteng.
6. Awit saka iku prayogane kita aja turu kaya wong-wong liyane, nanging padha meleka lan sing waspada.